Sosial Budaya

SINGIR RUPO JALMO

Rupo jalmo wajib anglakoni agomo.
Dzohir batin terus hakikat ya utomo,
Ngelmu telu sarengat, tarekat
Hakekate yen weruh marang pangkate,

Aja demen ngibadah semaya mbesuk
Lah elingo mbesuk tuwa tambah busuk,
Rumangsane mbesuk tuwo dimen gampang,
Wusanane pipi kempong untu rompang,

Mata rebes geger wungkuk ati goyang,
Kurang mangan mrengut putune den grayam,
yen den turuti mangan ayem mapan ndekikel,
Kecemuten putune ngguyu kapingkel.

Nyawang nini pemangane den didiyani
Layangane aneng pager amedheni
Ono pangan yen den mamah ronyah-ranyih
Tur gi enom semayane mbesuk tuwa
Wusanane wis tuwo ala lelewa,

Lah yo iku setan tan keno tiniru
Mbesuk mati panggonane geni biru
Lah mulane kawruhono mumpung enom,
Aja pijer kasengsem ambesusinom

Ojo gumum susu menker tindak sengkleh
Mbesuk tuwo sikut bengkok susu gembleh
Aja bungah rambut ireng ndowo dadi,
Mbesuk tuwa uwan njepluk kaya medi.

Kabeh awak tambah tuwa tambah rusak
Nanging ilmu tambah tuwa tambah ladak,
Ngaji ngelmu nedyo kanggo angibadah
Ojo ngaji nedyo kanggo anggenduyak,

—-ooo 0 ooo—-

Sekar dandang gula
Wejangan/pitutur

Lamon siro maguru ngelmi
Amiliho manungso utamo
Ingkang becik mertabate,
Ingkang weruh ingkang hukum,
Ingkang ngibadah ingkang ngirangi

Syukur oleh wong topo
Ingkang wus tumungkul,
Tan mikir wewehing liyan,
Iku pantes podo siro guroni
Serto den kawruhono,